BISMILLA HIRROHMANIR ROHIM

ALA  LA  TANA  LUL  NGILMA  IL  LA BI  SIT  TATIN

SA UMBIKA NGAM  MAJMU NGIHA BI BAYANIN

ELINGO RAK HASIL NGILMU ANGING NEM PERKORO

BAKAL TAK CRITA AKE KUMPULE KANTHI PERTELO

Al murod:

Tiyang ngaos puniko mboten pikantuk ilmu engkang kathah lan manfaat kejawi namung syarat nenem engkang badhe dipun terang aken wonten ing bait ngandap.

DZUKAIN  WA HIRSIN  WAS TIBARIN  WA BUL GHOTIN

WA  IRSYADI  USTADZIN  WA  THULI  ZAMANIN 

RUPANE  LIMPAT  LOBO  SABAR  ONO  SANGUNE

LAN  PIWULANGE  GURU  LAN  SING  SUWE MANGSANE

Al murod:

Rupane syarat nenem inggih puniko:

1.Limpat tegesipun anggatos aken keterangan saking guru sehinggo ngantos paham.

2.Lobo tegesipun cinta/tresno dateng pelajaran ipun.

3.Sabar teges ipun kedah tahan uji.

4.Nggadahi sangu engkang cekap tur halal.

5.Kedah  wonten  Guru nipun/engkang mulangi.

6.Kedah  dangu anggen  ipun  pados  ilmu.

NGANIL MAR  I  LATAS AL WASAL NGAN QORINI HI

FA IN NAL QORINA BIL MUQORINI YAQTADI

JO TAKON SONGKO WONG SIJI TAKONO KANCANE

KRONO SAK TEMENE KONCO MANUT KANG NGANCANI

Al murod:

Menawi badhe mangertosi sae utawi awon ipun setunggal tiyang puniko mboten perlu takon dateng tindak lampahipun tiyang kolo wau ,ananging cekap ningali dateng konconipun  keranten konco puniko manut dateng engkang ngancani ing dalem tindak lampahe.

www.lardimalik.wapdale.com

FA IN KANA DZA SYAR RIN FAJAN NIBHU SURNGATAN

WA INKANA DZA KHOIRIN FAQORINHU TAHTADI

YEN ONO  KONCO  OLO LAKUNE  NDANG DOH ONO

YEN  ONO  KONCO  BAGUS  INGGAL  NDANG KANCANONO

Almurod:

Menawi wonten konco  engkang awon budi pekertinipun puniko enggal enggal dipun dohi lan menawi wonten konco engkang sae budi pekertinipun puniko kedah dipun kancani supados pikantok pitedah engkang sae.

TANGAL  LAM  FA  IN NAL  NGILMA  ZAINUN  LI AHLIHI

WA  FADLUN  WA  NGIN WANUN  LI KUL  LIL  MAKHA  MIDI

NGAJIO  KRONO  NGILMU  MA  HESI  ING  AHLINE

LAN  NGUNGKUL KE  LAN  DADI  TONDO  TINGKAH PINUJI

Almurod:

Ngajio siro krono ngilmu puniko mahesi dateng tiyang ingkang nggadahi ilmu kolo wau lan saget ngungkul ke derajat nipun lan ugi dados tondo nipun tingkah ingkang pinuji.

WA  KUN  MUSTA  FIDAN  KUL LA YAUMI ZIYADATI

MINAL  NGILMI  WASBAH  FI JURIL FAWA IDI

ONOHO  NGALAF  FAEDAH  SABEN  DINO ING TAMBAH

SONGKO  ILMU  LAN  NGLANGI  SGORONE  FAEDAH

Almurod:

Ing dalem saben dinten ipun kito dipun kedah aken

Madosi tambahipun ilmu ingkang maedahi dene madosi tambahipun ilmu puniko dipun umpama aken tiyang ingkang nglangi wonten segoro teges ipun kedah estu-estu.

www.lardimalik.wapdale.com

TAFAQ QOH FA INNAL FIQHA AFDHOLU QOIDI

ILAL BIR RI WAT TAQWA WAKDALU QOSIDI

NGAJIO FIQIH KRONO NGUNGKULKE LAN NUDUHKE

MARING BAGUS LAN WEDI ALLOH LUWEH JEJEKE

Almurod:kito sedoyo supados ngaos ilmu fiqih keranten ilmu fiqih puniko utama-utamanipun ilmu,lan ilmu fiqih puniko nedahaken dateng kesaenan lan taqwa dateng gusti Alloh lan ilmu fiqih puniko jejek-jejekipun ilmu.

HUWAL NGILMU HADI ILA SUNANIL HUDA 

HUWAL HISNU YUNJI MIN JAMINGIS SYDAIDI

NGILMU FIQIH KANG NUDUHKE DALANE PITUDUH

HIYO BENTENG KANG NYELAMETKE SEKABEHE PEKEWUH

Almurod:

Engkang dipun wastani ilmu fiqih inggih puniko:ilmu engkang nedah aken dateng mergi nipun pituduh lan ugi benteng engkang nyelamet aken dateng sedoyo ipun pekewuh.

FA IN NA FAQIHAN WAHIDAN MUTAWARINGAN

ASYAT  DUNGALA SYAITHONI MIN ALFI NGABIDIN

WONG NGALIM FIQIH SIJI TUR KANG NGEDOHI HAROM

LUWEH ABOT TIMBANG NGABIT SEWU MUNGGUHE SYETHON

Almurod:

Tiyang ngalim fiqih setunggal engkang nebihi perkawis harom puniko langkung awrat utawi abogt menggah ipun sethon timbang tiyang ahli ngibadah sewu engkang mboten ngertos ilmu fiqih.

FASADUN KABIRUN NGALIMUN MUTAHANIKUN

WA AKBARU MINHU JAHILUN MUTANASIKU

GEDENE KERUSAKAN WONG NGALIM GAK NGLAKONI

LUWEH GEDE TIMBANG IKI WONG BODO NGELAKONI

Almurod:

Kerusakan engkang ageng inggih puniko tiyang alim engkang mboten nglakoni/nglampahi ilmu nipun ,dene kerusakan engkang langkung ageng malih tiyang bodho engkang nglampahi ngibadah teges ipun tiyang bodho kolo wau tiyang engkang mboten ngertos sah lan mboten ipun ngibadah.

HUMA FITNATUN FIL NGALAMINA NGADZIMATUN

LIMAN BIHIMA FI DINIHI YATAMAS SAKU



XtGem Forum catalog